Kula nuwun kakang mbokayu...!!!
Kepriwe kabare pada sehat mbok? Kiye enyong Heri Sutanto bujang asli Mbanjarnegara online nang dunia maya. Bungah pisan rasane angger rika pada mlebu nang blog kiye. Blog pribadi kiye duwene nyong, nyritakena apa bae sing intine informasi positip kaya kuwe. Nah nyong siki esih kuliah nang Jogja dela maning niate meng UTS Sydney dongakna baen sedulur, dadi esih enom ceritane kaya kuwe lo, maen pisan mbok hehehe? Siki gantian rika pada ngewehi alamat link online rika pada, ben nyong bisa silaturahmi lo. Siki nyong arep ngewei bedek-bedekan, jajal rika teyeng mbedek ora?
1. Kepriwe carane nglebokena sapi maring rice cooker?
2. Kepriwe carane nglebokena gajah maring kulkas?
Nah sing ngerti jawabane bedek jajal, kirimena jawabane maring link-e nyong:
hp 3,5 G: +6285228022690
e-mail: estiastri@yahoo.co.id
Nek ora ya rika ngisi komentar bae nang blog kiye ya wenang, ana hadiahe aja kewatir. Hadiahe apa kang? Mesti pada penasaran ya mbok?mboook, hadiahe gelas selusin ya kena to kirim temenan, tapi pecahan gelas maksude nyong, hehehehe pada ngekek ya. Ooooooh uwis meneng nyong udu badut, aja ngguyu bae rika, wei duit sisan.

Nah sedulur kabeh tujuane nyong apa nganggo bahasa jawa ngapak? Ora liya mung pengin nguri-uri budayane dewek. Budaya Banyumasan kuwe toli men si, tapi generasi muda siki pada isin, pada ora gelem nganggo basane dewek apa maning sinau budayane. Malah-malah pada-pada wong Banjar (Banyumas/ngapak:red) be nganggo bahasa Indonesia, jan mbedegel rasane. Mulai siki ayuh lah nyong mewakili generasi muda ngajak sedulur kabeh nguri-nguri budaya, Budaya Banyumasan ben Budayane dewek ora ilang lan tetep lestari. Kaya kuwe lo. Nyong matur nuwun pisan nek sedulur gelem ngewei dukungan lan kerja bareng nyong, kesuwun seduluuur...Keep Banyumas pure!!!

Supported link capture from:
www.banjarnegarakab.go.id
www.purbalinggakab.co.id
www.banyumas.go.id
www.cilacapkab.go.id